Sabtu, 26 September 2009

Tugas Basa Jawa Bab Ngoko Lugu

Sinau Basa Jawa Nganti Rasa Seneng

Akeh sing ngendika yen basa jawa iku angel. Malah uga ana sing duwe panemu yen sinau basa jawa iku luwih angel dibandingake karo sinau basa manca. Tamangka sing duwe panemu dek mau sing wong asli jawa. Kepriye kok bisa lancar? Apa bener basa jawa iku angel tenan? Omongane wong tua, pancen tenan basa jawa iku ora angel. Yen digawe angel ya dadi angel tenan. Basa jawa dianggep angel amarga ing basa jawi ana sing diarani undha-usuk utawi unggah –ungguhing basa.

Unggah-unggguhe basa dek mau dadi 4. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Saka unggah-ungguh basa cacah 4 dek mau sing dianggep paling gampang yakuwi ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunakake ing bebrayan jawi, digunakake kanggo omongane wong tua marang wong enom utawa anak, uga kanggo omongane anak karo anak, utawa wong tua marang wong tua sing wis akrab.

Dene unggah-ungguh basa sing dianggep angel yaiku basa krama alus, amarga akeh ngapalna tembung-tembung, tembung sing kanggo ngomong karo wong tua. Bab undha-usuk utawa unggah-ungguhe basa dekmau tumrap para siswa isa sinau ing sakjerone ulangan basa jawa ing pawiyatan.

Saka anane keputusan gubenur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 wenehi kurikulum basa jawa banjur dadi wulangan wajib sing diwenehi ing pawiyatan – pawiyatan wiwit tataran SD (Sekolah Dasar) nganti tekan SMA (Sekolah Menengah Atas). Sadurunge ana keputusan gubenur disebutna, wulangan basa jawa mung kanggo jangkep-jangkep, nanging diwulangna ing tataran SD nganti SMP. Sak iki basa jawa wiwit entuk kawigaten, muga-muga wae bisa njalari basa jawa dadi luwi luwes, ora ajeg mrihatinake.

Akeh para nimpuna basa sing pada ngendika sejatine sing njalari basa jawa dadi mrihatinke yaiku ora dudu ya saka wong jawa dewe. Saperangan gendhe wong jawa ora ngulinakake mawi basa jawa ing urip paditene. Pawadane bilih basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan ora-ora. Kasunyatan wektu menika akeh kaluarga-kaluarga jawa kanggo pada merintah putrane ora nganggo basa jawa. Utawa ibu-ibu, sinaosa asli wong jawa, nanging kados-kados wis padha lali karo basa jawa. Buktine nalika duwe putra, wiwit lahir putrane wis dikulinakake nganggo basa Indonesia. Bubar pisan ora dikulinakake bicara basa jawa.

Dadi para putra pada ora mudeng karo basa jawa. Menapa malih unggah-ungguhe. Saperangan ibu-ibu dek mau pada ngendika bilih ing jaman teknologi sarwa madhep iku basa jawa ora pati perlu lan iku umume pada nganggo basa Indonesia. Pramila pilh nganggo basa Indonesia wae sing ngendikane luwih gampang. Pamanggih dekmau ana benere nanging ana salahe. Wes dingerteni ing akathah bilih basa jawa iku ora isa nganggo pasrawungan wae. Luwih saka iku basa jawa uga isa nganggo nggulawenthah bab tatakrama, sopan santun, lan budi pekerti saking para putra.

Nganthi ngulilinakake nganggo basa jawa, kaajab para putra dek mau luwih bisa nduweni tatakrama sing sae lumantar unggah-unguhing basa. Basa Jawa iku tetep nduweni kesaenan menawa dibandingake karo basa lainne. Matur Nuwun

Minangka tuladha, aku tu maca satungganing rubric pendhidhikan ing kalawarti jayabaya,sing nyebutake bilih tembung-tembung ing basa jawa menika sae-sae. Lagi anggone ngucapake wae beda karo tembung-tembung ing basa lainne. Umpamane tembung “matur nuwun” anggone ngucapake tamtu nganti sareh. Beda karo anggonne ngucapake tembung than you, terima kasih, kamsia, sing isa diucapake nganthi seru utawa sora. Basa jawa isa disinauni karo cara sing warna-warni, kados sing isih tansah kalutindakake. Cara-cara mau umpamane, isa sinau lumantar buku-buku basa jawa ing sekolahan, mligi para siswa, menawa mrangguli bab-bab sing ora cetha kudu wani njaluk pirsa karo bapa utawa ibu guru basa jawa.

Kanggo sing durung ngerti, kalaarta la ariwarti basa jawa iku isine werna-werni, wiwit dongeng kanggo para putra, kebudayaan, kasusastran, nganti paramasastra kabeh ana. Nganthi kerep maca wacanan basa jawa dek mau ora krasa seserpan kita bab basa jawa isa mundhak. Sakwise seneng maca, menawa nemukake bab-bab sing kurang cetha, isa njaluk warah karo para wong tu sing kawawas pancen pana ing bab basal an kabudayan jawa, lumrahe para wong tua dek mau nyata isa tenan. Banjur, perkara hasil lan ora anggonne sinau basa jawa dekmau gumantung karo pribadine dewe-dewe. Sing wigati , sakdurunge wiwit nyinau basa jawa luwih dhisik kudu duwe niyat sing kuat nganti raos seneng karo bas jawa. Nglakoni penggawan punapa wae menawa dilandhesi raos seneng lumrahe tamtu badhe nuwuhake asli sing apik lan disenengi. Luwih prayogi minangka wong sing wis kinodrat dadi tiyang jawa sumangga pada duweni raos seneng karo basa jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi menawa ora wong jawa dewe. Ya aku karo kowe kabeh.