Sabtu, 26 September 2009

Tugas Basa Jawa Bab Ngoko Lugu

Sinau Basa Jawa Nganti Rasa Seneng

Akeh sing ngendika yen basa jawa iku angel. Malah uga ana sing duwe panemu yen sinau basa jawa iku luwih angel dibandingake karo sinau basa manca. Tamangka sing duwe panemu dek mau sing wong asli jawa. Kepriye kok bisa lancar? Apa bener basa jawa iku angel tenan? Omongane wong tua, pancen tenan basa jawa iku ora angel. Yen digawe angel ya dadi angel tenan. Basa jawa dianggep angel amarga ing basa jawi ana sing diarani undha-usuk utawi unggah –ungguhing basa.

Unggah-unggguhe basa dek mau dadi 4. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Saka unggah-ungguh basa cacah 4 dek mau sing dianggep paling gampang yakuwi ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunakake ing bebrayan jawi, digunakake kanggo omongane wong tua marang wong enom utawa anak, uga kanggo omongane anak karo anak, utawa wong tua marang wong tua sing wis akrab.

Dene unggah-ungguh basa sing dianggep angel yaiku basa krama alus, amarga akeh ngapalna tembung-tembung, tembung sing kanggo ngomong karo wong tua. Bab undha-usuk utawa unggah-ungguhe basa dekmau tumrap para siswa isa sinau ing sakjerone ulangan basa jawa ing pawiyatan.

Saka anane keputusan gubenur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 wenehi kurikulum basa jawa banjur dadi wulangan wajib sing diwenehi ing pawiyatan – pawiyatan wiwit tataran SD (Sekolah Dasar) nganti tekan SMA (Sekolah Menengah Atas). Sadurunge ana keputusan gubenur disebutna, wulangan basa jawa mung kanggo jangkep-jangkep, nanging diwulangna ing tataran SD nganti SMP. Sak iki basa jawa wiwit entuk kawigaten, muga-muga wae bisa njalari basa jawa dadi luwi luwes, ora ajeg mrihatinake.

Akeh para nimpuna basa sing pada ngendika sejatine sing njalari basa jawa dadi mrihatinke yaiku ora dudu ya saka wong jawa dewe. Saperangan gendhe wong jawa ora ngulinakake mawi basa jawa ing urip paditene. Pawadane bilih basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan ora-ora. Kasunyatan wektu menika akeh kaluarga-kaluarga jawa kanggo pada merintah putrane ora nganggo basa jawa. Utawa ibu-ibu, sinaosa asli wong jawa, nanging kados-kados wis padha lali karo basa jawa. Buktine nalika duwe putra, wiwit lahir putrane wis dikulinakake nganggo basa Indonesia. Bubar pisan ora dikulinakake bicara basa jawa.

Dadi para putra pada ora mudeng karo basa jawa. Menapa malih unggah-ungguhe. Saperangan ibu-ibu dek mau pada ngendika bilih ing jaman teknologi sarwa madhep iku basa jawa ora pati perlu lan iku umume pada nganggo basa Indonesia. Pramila pilh nganggo basa Indonesia wae sing ngendikane luwih gampang. Pamanggih dekmau ana benere nanging ana salahe. Wes dingerteni ing akathah bilih basa jawa iku ora isa nganggo pasrawungan wae. Luwih saka iku basa jawa uga isa nganggo nggulawenthah bab tatakrama, sopan santun, lan budi pekerti saking para putra.

Nganthi ngulilinakake nganggo basa jawa, kaajab para putra dek mau luwih bisa nduweni tatakrama sing sae lumantar unggah-unguhing basa. Basa Jawa iku tetep nduweni kesaenan menawa dibandingake karo basa lainne. Matur Nuwun

Minangka tuladha, aku tu maca satungganing rubric pendhidhikan ing kalawarti jayabaya,sing nyebutake bilih tembung-tembung ing basa jawa menika sae-sae. Lagi anggone ngucapake wae beda karo tembung-tembung ing basa lainne. Umpamane tembung “matur nuwun” anggone ngucapake tamtu nganti sareh. Beda karo anggonne ngucapake tembung than you, terima kasih, kamsia, sing isa diucapake nganthi seru utawa sora. Basa jawa isa disinauni karo cara sing warna-warni, kados sing isih tansah kalutindakake. Cara-cara mau umpamane, isa sinau lumantar buku-buku basa jawa ing sekolahan, mligi para siswa, menawa mrangguli bab-bab sing ora cetha kudu wani njaluk pirsa karo bapa utawa ibu guru basa jawa.

Kanggo sing durung ngerti, kalaarta la ariwarti basa jawa iku isine werna-werni, wiwit dongeng kanggo para putra, kebudayaan, kasusastran, nganti paramasastra kabeh ana. Nganthi kerep maca wacanan basa jawa dek mau ora krasa seserpan kita bab basa jawa isa mundhak. Sakwise seneng maca, menawa nemukake bab-bab sing kurang cetha, isa njaluk warah karo para wong tu sing kawawas pancen pana ing bab basal an kabudayan jawa, lumrahe para wong tua dek mau nyata isa tenan. Banjur, perkara hasil lan ora anggonne sinau basa jawa dekmau gumantung karo pribadine dewe-dewe. Sing wigati , sakdurunge wiwit nyinau basa jawa luwih dhisik kudu duwe niyat sing kuat nganti raos seneng karo bas jawa. Nglakoni penggawan punapa wae menawa dilandhesi raos seneng lumrahe tamtu badhe nuwuhake asli sing apik lan disenengi. Luwih prayogi minangka wong sing wis kinodrat dadi tiyang jawa sumangga pada duweni raos seneng karo basa jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi menawa ora wong jawa dewe. Ya aku karo kowe kabeh.

Senin, 27 Juli 2009

Tugas Bahasa Jawa Bab Saloka

1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana

Tuladha: Ing omahing pak rt bubar kemalingan. Pak Rt nuduh pak somat amarga pak somat tau nyolong.pancen bener sing nyolong kuwi pak somat ,nanging pak somat ora gelem ngaku amarga wedi mlebu penjara.

2. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean

Tuladha: Shinta lagi bagikna pangannan amargi dina iki shinta ulang tahun. Pangananne wis diitung pas kanggo murid-murid sekelase kaliyan gurune. Bubar didum shinta malah ora entuk panganane.

3. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.

Tuladha: Pabrikgula ika pekerjane ana kurang luwih 100 wong. Sing kerja ning pabrik gula iku akeh amarga gajine lumayan gedhe. Dadi sing melamar kerja ning pabrik iku ya akeh.

4. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane

Tuladha: Adiki kuwi senengane ngonkon ibu mundutke jajan nanging ora gelem lunga utawa nganggo duwikke dewe. Kabeh keinginane kudu dituruti. Nanging yen adik dikongkon ibu ora gelem. Dadi adik kuwi pengen enakke tok lan ogak gelem rekasa.

5. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan

Tuladha: Pak Budi iku akeh kang nyenengi amargi kelakuane ning desa. Kelakuane wonten desa apik banget yakuwi seneng lelulung lan ora seneng nyampuri urusane wong liya. Pak Budi ora seneng nyampuri urusane wong liya amargi wedi yen nganggu wong liya.

6. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake

Tuladha: Nina Kuwi duwe tugas saking Bu Guru. Tugasse iku gawe prakarya sekolah. Amarga Nina iku tiggal ning omah wong tuwane, dadi yen nina duwe tugas sekolah mesthi kabeh se omah kudu mbantu. Dadi wong tuwane Nina ya kudu mbantu prakarya sekolahe Nina.

7. Mbidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi

Tuladha: Firman iku senegane tetulung nanging asline Firman iku arep ngrusuhi. Ya kayak provokator sing senengane ngrusuhi demo.

8. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara

Tuladha: Pak Budi karo Pak Somat iku beda sifatipun. Pak budi iku senengane tetulung, sopan, pokoke Pak Budi iku seneng sing apik-apik. Nanging Pak Somat iku senengane nyolong, gak sopan, pokoke sing elek-elek. Terus wektu ana kerusuhan ning desa mesthi sing disalahake Pak Somat amargi wes ketara. Pancen bener sing gawe kerusuhan iku Pak Somat.

9. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene

Tuladha: Akeh wong yen ndeleng Pak Mamat iku mesthi pikirane Pak Mamat iku rupane elek. Nanging Pak Mamat iku sebenere budi pekertine apik banget. Dadi yen wong seng wes kenal Pak Mamat mesthi seneng amargi apik budi luhure lan pinter.

10. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa

Tuladha: Shinta iku paling pinter ning kelase. Kabeh guru mesthi ngerti Shinta amargi Shinta kuwi pinter ning saben pelajaran. Shinta kuwi yen diulang karo Bu Guru utawa Pak Guru gelis bisa amargi shinta kuwi pinter.

11. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala

Tuladha: Pak Joko kuwi senegane cedhak-cedhak karo Pak Somad. Menyang endi wae mesthi wong loro. Tapi suwe -suwe Pak Joko ya melu-melu dadi wong ala. Iku ya amargi Pak Joko senengane melu-melu karo Pak Somad

12. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine.

Tuladha: Mawar senengane mbantu wong tuwane. Mawar sedina disangoni kaliyan bapake Rp 5000,- nanging amarge dekwingi Mawar wes mbantu bapak ngumbah montor, dadi dina iki Mawar diwenehi sangu bapak Rp10.000,-

13. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)

Tuladha: Bu Dina iku akeh sing ora nyenengi amargi Bu Dina iku senengane maido wong liya. Nanging Bu Dina uga seneng menehi / muruki karo wong liya yen gak ngerti supaya dadi ngerti.

14. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik

Tuladha: Tina iku akeh seng ora seneng karo tina amargi cara ngomonge Tina. Tina iku yen ngomong ceplas-ceplos ora tau dipikir dhisik, dadi wong liya akeh sing ora seneng karo Tina.

15. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti
mati

Tuladha: Pak Parno iku senengane nglakokna sing elek-elek. Pak Parno kuwi biasane nyolong, judi lan nglakokna sing elek-elek. Kelakuane Pak Parno iku gak bisa di owahi amarga kelakuane iku wis dadi kebiasaane sing elek. Dadi sifate iku gak bisa diowahi nganti mati.

16. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune

Tuladha: Reno lan kanca-kancane biasane ngumpul-ngumpul ning panggonan. Nanging kumpul-kumpule kuwi ora ana perlune ln mung ngomong-ngomong sing ora perlu.

17. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake

Tuladha: Si Jojon iku senengane melu-melu karo wong liya. Namung, Jojon kuwi ora ngerti apa sing dikarebake. Dadi Jojon iku isane mung melu-melu tok.

18. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene

Tuladha: Tino iku anakke wong cilik. Nanging Tino iku duwe watak budi pekertine sing elek. Senengane nyolong, Lan duwike dienggo main judi. Dadi akeh wong kang ora seneng karo Tino

19. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.

Tuladha: Pak Andi arep nganakna syukuran kanggo anakke. Namung Pak Andi lagi bingung mikirna kapan syukurane dianakna.

20. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter
tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni

Tuladha: Caca iku ora patia pinter ning kelase, nanging yen diwenehi tugas karo Bu Guru mesthi dikerjakna. Namung Shintha sing paling pinter ning kelase yen diwenehi tugas karo Bu Guru mesthi ora tau di kerjakna. Bu Gurune Caca lan Shintha luwih seneng karo Caca amarga ngerjakna tugas terus tinimbang Shinta sing ora tau ngerjakna tugas.