Senin, 25 Januari 2010

Pidato Bapak Joko Wahyudi

Assalamualaikum Wr. Wb.
Para Sesepuh,bini sepuh ingkang kinurmatan. Para hadirin hadirat ingkang dimuliyaaken dumateng Allah SWT. Saha bapak Amir ingkang tansah kula hormati.
Mangga kita kaunjukaken syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kanikmatan dumateng kita sekaliyan.
Kula amakili warga Condong Catur badhe matur kaliyan Bapak Amir :
1. Muji syukur dene Bapak Amir ingkang badhe nindakake rukun Islam ingkang kaping gangsal inggih menika medal haji wonten Tanah Suci.
2. Nderek mangayubagya dumateng Bapak Amir, mugi-mugi tansah keparingan sehat kaliyan saget dados haji ingkang mabrur.
Mekaten rumiyin, mbokbilih anggen kula matur wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wabillahi taufiq walidayyah, Wassalamualaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar